Thursday, November 30, 2017

3:55:00 AM - No comments

Cerpen Bahasa Jawa: Aja Ngelomboni Wong Tua


Jumat kie langite esih keton peteng, hawane adhem kaya arep udan. Adi wis melek, nanging esih bebeh menyat sekang kasur amarga hawane esih enak nggo turu. Adi pancen bocah males, dadine dina kue Adi sambat mriyang meng biyunge men ulih ora mangkat sekolah.
“Bu, kula kadose gerah koh. Niki sirah kula ‘senud-senud’ lara banget, kulo mboten mangkat sekolah nggih,” ngendikane Adi.
Banjur ibune Adi nyekel siraeh Adi. Jane ora panas, tapi mergane melas sidane Adi diulihna ora mangkat nang ibune.
“Yawis dina kie koe ora usah mangkat bae, mbok tambah mumet nang sekolahan. Dinggo istirahat bae ya!” ibune Adi ngabulna kekarepanne Adi.
“Yes bisa turu gutul awan karo nonton tivi semareme,” batinne Adi.
Bapak ibune Adi gaweanne dadi PNS, jam tengah pitu esuk mesti mangkat meng kantor. Dadine Adi ditinggal dewek nang umah soale keluargane Adi ora ndue pembantu.
“Di, bapak mangkat disit ya! Dina kie koe ora tak sanguni soale koe ora mangkat sekolah. Koe istirahat bae nang umah aja dolan dolan, mbok kepethuk kancamu apa gurumu ngko bapak ibu sing isin soale wis ngendika aring wali kelasmu nek koe ora mangkat gara-gara mriyang,” nasihate bapake Adi.
“Nggih pak, ‘uhuk-uhuk’” Adi semaur karo etok-etok watuk men ndarani mriyang temenan.
“Anakku melasi temen kie, apa tak gawa meng dokter bae ya?” batinne bapake Adi.
“Di, apa mengko jam tengah wolu bapak mbalik mening meng umah njujugna kowe aring dokter? Mbok kebanjur mriyang malah ngesuk kowe ora mangkat maning,” ujare bapak.
“Mboten usah pak lah, paling mengkin sonten kulo sampun mantun,” semaure Adi lirih.
“Yawis nek kue kekarepanmu, bapak mangkat disit! Assalamualaikum,” bapake Adi banjur mangkat meng kantor.
“Waalaikumsalam,” Adi semaur karo merem kaya arep turu, padahal rencanane Adi nek bapak ibune wis mangkat. Adi arep langsung nyetel tivi.
Adi keturon seuwise bapak ibune lunga, soale hawane atis banget kepenak nggo turu. Tangi tangi Adi kerasa nek siraeh lara temenan.
“Aduh, sial banget kiye malah mumet temenan sirahku!” Adi nggrundel nang njero batin.
Sing maune arep nonton tivi sidane Adi malah golet golet obat mumet. Ndilalah obate entong, sidane Adi turonan mening nang kasur.
“Astagfirulloh, deneng sirahku tambah muter muter kiye lara banget,” batinne Adi.
Bar kuwe Adi turu mening karo ngenteni wong tuane bali, soale wis ora tahan siraeh mumet banget.
“Assalamualaikum,” ibune Adi bali
“Deneng ora disemauri yah? Apa Adi dolan? Ualah jan bocah” batinne ibune Adi
“Adi, Adi!” ibune Adi bengok bengok mbok menawa bocaeh nang dapur mburi. Adi tetep ora semaur soale esih turu.
Banjur ibune Adi nggoleti Adi nang kamar. Jebule Adi lagi turu karo kekepan guling.
“Astagfirulloh panas banget kie bocah, padahal mau esuk ora,” ibune Adi kaget bar nyekel bathuke Adi
“Di, Adi, tangi nang, ngko sore meng dokter ya,” ibune Adi nggugah Adi men tangi
“Nggih bu,” Adi semaur lirih banget soale awakke esih ora kepenak
Sorene Adi dijujugna berobat nang bapake. Tempat berobate mandan adoh, nang klinik e Dokter Roland. Akhire Adi ulih giliran bar ngantri 30 menit.
“Sugeng sonten, Pak. Niki putrane nggih sing saweg sakit? Sakit nopo?” Dokter Roland takon
“Niki dok, putrane kulo sakit siraeh. Jare mumet sing ‘senud-senud’” semaure bapake Adi
“Ooh kados niku nggih. Ayuh ngeneh mas turon nang meja periksa,” Dokter Roland meriksa Adi.
“Niki putrane njenengan keselen pak. Perlu istirahat. Niki mboten usah ngangge obat tapi kulo weih surat cuti dokter mawon men putrane njengan saged istirahat teng ndalem,” sanjange Dokter Roland
“Oh kados niku nggih. Maturnuwun nggih, Dok. Kulo pamit riyin. Assalamualaikum,” bapake Adi mlaku metu sekang ruangan.
“Nggih sami sami, monggo. Waalaikumsalam,” Dokter Roland semaur.
Wengine Adi esih mumet. Adi ngerasa nek penyakite kie gara gara deweke ngelomboni wong tuwane. Akhire Adi ngaku nek mau esuk kue Adi mriyang digawe gawe.
“Bu, Pak,” Sanjange Adi lirih. Ibu bapake lagi nonton tivi.
“Ana apa, Di?” bapake semaur.
“Wau enjing kulo anu mboten mriyang temenan Pak, Bu. Kulo wau enjing males mangkat sekolah amergi hawane atis, enak ngge sare. Terus bar bapak ibu tindak kan kulo sare, tangi tangi siraeh kulo mumet temenan,” Adi ngomong karo isin isin
“Oalah jebul kaya kue, ya kawus lah mriyang temenan,” jare bapak.
“Hus aja kaya kue Mas,” ibune Adi mangsuli bapake.
“Jebul kaya kue toh, Di. Pantesan mau esuk awakmu ora panas, jebule ora mriyang. Yawis ngesuk mening aja dibaleni, ya!” sanjange ibu.
“Kuwe akibate ngelomboni wong tua, Di. Wong ora mriyang be bisa dadi mriyang temenan. Ngelomboni wong tua kue bisa marekna cilaka, Di! Ngesuk arep dibaleni maning apa ora?” bapake takon meng Adi.
“Mboten, Pak,” semaure Adi lirih.
“Yawis siki koe turu, ngesuk istirahat bae ora usah mangkat sekolah nek ngesuk esih mumet!” prentah bapake Adi.
“Nggih, Pak.” banjur Adi mlaku aring kamare terus langsung turu.
Ngesuke Adi tangi awakke wis seger maning. Adi langsung menyat terus siap siap adus arep mangkat sekolah, wedi mbok kejadian wingi kedaden mening.

“Bener sanjange bapak, nek ngelomboni wong tuwa kue bisa gawe cilaka,” batinne Adi pas lagi adus

0 komentar: