Monday, October 30, 2017

Sedina Dadi Peneliti nang Benteng Pendem

Dina sabtu tanggal 26 Agustus 2017 kepungkur, aku karo batir-batirku dineih tugas nang Bu Anis kon nggawe penelitian sejarah. Tempat karo tanggal arep nelitine bebas, asal aja pas wayah bocah sekolah. Sidane aku karo batir-batirku milih Benteng Pendem, alesanne tempate nang pinggir laut lan tiket melbune murah.

Aku, Ezzra, Danin, Irfan, lan Titan mangkat kang SMA Negeri 1 Purwokerto jam 8 esuk numpak travel. Nang ndalan kabeh pada turu, soale AC travel e adem enak nggo turu. Aku karo batir-batirku gutul Benteng Pendem jam 10 esuk.
Ora kesuen, aku karo batir-batirku langsung bae melbu meng benteng. Nang njero benteng, sepine ora patut. Langka banget wong sing pada meng ngeneh. Kayane gara gara tempate wis ora terawat maning. Jane nang ati mandan gela, tapi yawis lah rapapa itung itung lewih ngerti sejarah Benteng Pendem.

Nang benteng aku karo batir-batirku bingung arep kepriwe, akhire Ezzra inisiatif tuku buku sejarah benteng pendem nang bakul sovenir. Untung bae esih ana turahan bukune, nek ora ya mandan angel nggo nyusun penelitian sejarah.

Bar tuku buku, aku kepikiran nganggo jasa pemandu wisata. Akhire aku nembung meng loket mbok ana pemandu wisata Benteng Pendem. Alhamdulillah esih ana pemandu wisatane sekang nelayan sekitar sing ngerti sejarah Benteng Pendem. Sedurung tak iyani, aku takon disit rega jasa pemandu wisatane, jare sing jaga loket ora ana patokan regane sing penting kena nggo tuku udud. Yawis akhire tak iyani, terus nang petugas loket wonge diundangna lewat halo halo utawa speaker.

Pas wonge teka aku mandan ragu karo keilmuanne, soale pasuryanne keton ndesa banget. Bar wonge teka pertamane Titan ngejak salaman, terus liyane pada melu. Danin sing terakhir salaman takon jenenge, jebule jenenge Pak Sofyandi, wonge gagah kulite ireng. Kerjane dadi nelayan nang Laut Nusakambangan.

Seuwise kenalan Pak Sofyandi langsung ngajak dewek muter-muter benteng. Aben ana bangunan bersejarah mesti Pak Sofyandi mandeg mlaku, terus cerita disit tentang bangunan kue. Ora kelalen nang Irfan di rekam nggo lampiran penelitian. Dugaanku babagan keilmuanne Pak Sofyandi jebule salah. Jebule nek Pak Sofyandi ditakoni babagan bangunan lan sejarah Benteng Pendem mesti di jawab.

Nang penelitian kie, sing paling aktif takon kue Ezzra. Liyane mung mantuk-mantuk karo nyateti informasi sing diulihna kang pituture Pak Sofyandi. Kabehan lancar, ora kerasa Benteng Pendem wis diputeri kabeh nang dewek. Akhire Pak Sofyandi pamit. Seurunge lunga, dewek ngejak foto bareng Pak Sofyandi.

Sedurunge metu kang benteng pendem, aku karo batir-batire dolanan bebek air. Aku numpak bareng Titan, Ezzra bareng karo Danin. Irfan ora melu. Sidane aku ngajak Ezzra karo Danin balapan bebek air. Akhire aku menang telak, soale Ezzra karo Danin langka tenagane, kewalikanne aku karo Titan.

Ilmu sing tak ulihna kang penelitian sejarah kie akeh banget, mulai sekang sejarah,konsep nggawene, lan liya liyane.

Benteng Pendem diadegake taun 1879, fungsine nggo pertahanan Belanda jaman ndisit. Bentenge bener bener kependem, nganti siki bae sing dinggo objek wisata kue mung 40% sekang keseluruhan benteng. 60% esih kependem nang njero lemah.

Konsep Benteng Pendem menurutku menarik, yakue lawang lawang benteng digawe mungkuri laut, dadine nek ana musuh sekang laut kue ora ngerti nek nang kono ana markas Belanda, dikirane mung bukit biasa.

Pembangunan benteng e kue bertahap. Ana sing dadi taun 1886, 1890, lan taun taun liyane. Nang kana ana asrama militer, klinik, penjara, ruang meriam, lan ruang liya-liyane.

Seuwise sekang Benteng Pendem, aku karo batir-batire ora langsung bali tapi maring laut disit. Soale travel sing arep dinggo nang dewek teka jam 5 sore. Metu kang Benteng Pendem esih jam 1 awan.

Nang laut aku karo batir-batirku tuku es degan isit. Danin ngasi nambah mening degan e. Awan awan ngumbe degan kue seger banget.

Bar ngumbe degan, aku karo batir-batirku ngenteni hawane adem. Soale jam 1 esih panase pol kaya dijemur. Sidane dewek njagong njagong disit nang bakul degan gutul jam 3 sore.

Jam 3 sore srengengene wis ora patia panas, sidane aku ngejak batir-batirku dolanan nang laut. Titan senenge motret motret, Ezzra karo Danin dolanan pasir, aku karo Irfan nulis nulis nang pasir.

Ora kerasa wis jam 5 sore, travel e wis teka. Sidane dewek numpak travel gutul Purwokerto. Nang travel kabeh pada turu soale keselen. Tangi tangi digugah supire jare wis gutul tujuan.
Dina kue atiku bungah banget, bisa dolan karo batir batire. Gutul Purwokerto wis wengi, sidane pada nginep nang kos kosanku, ngesuke pada bali kabeh. Aku ya bali meng Sumpiuh nggo tamba kangen aring wong tuwa.

Wis penelitian, gari gawe laporan. Ndilalah sedurung nggawe laporan aku pindah sekolah aring SMA Negeri 1 Banyumas. Dadine aku ora melu gawe laporan penelitian. Nang njero ati aku ya sedih, tapi wong aku dewek sing njaluk pindah men edek karo wong tuwa.

Intine aku seneng banget pernah sekolah nang SMA Negeri 1 Purwokerto, akeh pengalaman sing tak ulihna nang kana. Aku ya seneng banget due batir Danin, Ezzra, Irfan, lan Titan. Semoga batir batirku ora pada kelalen aring aku.

0 komentar: